Geguritan Gareng – Petruk
Ing sapanunggalaing carita
Urip wong loro gagah perkasa
Satriya kang sakti mandraguna
Bagus kaya raden Janaka
Kerah amarga murka
Kerah amarga duka
Kerah amarga suka
Kerah amarga klana
Rai kang bagus dadi ajur
Awak kang prakosa melu ajur
Kabegjane ora nganti mungkur
Amarga batara dadi padha akur
Sayahilananda Tito Yuwono

